Akulah emoh iwak'e lembu
Iwak'e lembu sikile papat
Akulah emoh cewek sing lemu
Cewek sing lemu mangane kuat

Akulah emoh iwak kepiting
Iwak kepiting sikile limo
Akulah emoh rambut kriting
Rambut sing kriting go umah tumo

Akulah emoh iwak'e lele
Iwak'e lele ono patile
Akulah emoh cewek sing matre
Cewek sing matre modale gede

Baju jaket kancing cemiti
Lungo ngarit dicegat macan
Ojo kaget prawan saiki
Dijawil njerit diambung mapan

Posting Komentar

 
Top